Assalamu’alaikum
Wr.Wb
Kepala
SMK N 1 GODEAN ingkang dahat kinurmatan, Bapak Ibu guru saha katyawan ingkang
kinurmatan, lan ingkang kula urmati para tamu undangan wali murid tuwin para
kanca kadang ingkang kula tresnani.
Langkung
rumiyin sumangga kita sami ngaturaken syukur dhumateng gusti Allah S.W.T.
ingkang sampun kasarasan satemah kula lan panjenengan sedaya saged rawuh ing
acara perpisahan kelas XII SMK N 1 GODEAN menika.
Para
rawuh ingkang kula urmati, kula ingkang jinejer pinangka pranatacara, badhe
ngaturaken urut reroncening adicara, inggih menika :
Ingkang
sapisan pambuka
Angka kalih tanggap wacana saking
kepala SMK N 1 GODEAN
Angka tiga tanggap wacana saking wakil
kelas XII
Kaping sekawan tanggap wacana saking
wakil kelas X, XI
Kaping gangsal pentas seni
Ingkang pungkasan inggih menika
panutup.
Sumangga
kita lumebet titi laksana ingkang sepisan inggih menika pambuka, sumangga
kanthi waosan basmalah kula dherekaken “Bismillahirohmaanirrohiim”.
Adicara
ingkang angka kalih inggih menika tanggap wacana saking kepala SMK N 1 GODEAN,
Panjenenganipun Bapak Agus Waluyo kasumanggakaken.
Maturnuwun
dhumateng Bapak Agus Waluyo. Adicara salajengipun inggih menika tanggap wacana
saking wakil kelas XII, dhumateng sedherek …………………………. Kasumanggakaken.
Maturnuwun
dhumateng sedherek……………………….. mekaten wau tanggap wacana saking wakil kelas
XII. Adicara saklajengipun tanggap wacana saking wakil kelas X / XI, dhumateng
sedherek ………………………………kasumanggakaken.
Mekaten
tanggap wacana saking wakil kelas X / XI.
Adicara saklajengipun inggih menika pentas seni, sinambi para rawuh
ngunjuk saha dhahar nyamikan, sumangga mirsani kesenian tarian tradisional
saking para kanca kelas X lan XI.
Maturnuwun
dhumateng para kanca kelas X lan XI. Saklajengipun adicara ingkang pungkasan inggih
menika panutup. Sumangga pepanggihan menika lajeng dipun tutup kanthi waosan
hamdalah kula dherekaken “Alhamdulillahirrobil’alamin”.
Mekaten
anggen kula ndherekaken runtuting adicara menika, kathah lepat kula nyuwun
pangapunten.
Wassalamu’alaikum
Wr.Wb.
Nah, semoga
dengan postinganku ini dapat bermanfaat buat kalian :)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar